Jamuran iku dolanan kang misuwur ing tlatah Jawa. Jamuran bisa dilakokaké bocah kang cacahé 4-12. Jamuran lumrahé dianakake ing wektu sore lan bengi nalika padhang bulan. Bocah sing melu dolanan umure antarane 6 nganti 13 taun. Dolanan jamuran bisa dilakokaké dening bocah lanang, bocah wadon utawa
campuran. Dolanan jamuran ora butuhaké perkakas warna-warna, mung butuhake latar kang jembar.
Saumpama sing dolanan cacahe 10 (A, B, C, D, E, F, G, H, I, J), banjur diundhi kanthi pingsut, sapa sing kalah bakal dadi. Saumpama sing dadi J, banjur A, B, C, D, E, F, G, H, I baris bentuk bunder, ngubengi J kang ana ing tengah. Banjur A nganti I mau mlaku mubeng-mubeng ngubengi J, sinambi nembangaké tembang jamuran. Nalika tekan pungkasané tembang, A nganti I mandheg anggoné ngubengi J. Banjur J mangsuli pitakoné bocah-bocah sing ngubengi. Saumpama J mangsuli jamur kethèk mènèk, banjur bocah 9 sing ngubengi mau kudu langsung tumindak kaya kethèk. Yen ana bocah sing ora isa niru tumindak kaya kethèk, tegesé bocah kuwi bakal dadi. Bocah kang dadi isa nyebutaké aran jamur apa wae kang kudu diperagakaké bocah 9 sing mubengi sing dadi mau. Yèn ana bocah sing ora isa, tegesé bocah kuwi dadi. Saumpamané jamur gagak, bocah 9 kang ana ing pinggir mau kudu niru tumindaké gagak, yèn salah utawa ora bisa kudu dadi.
Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar